Geguritan Jawa

Pageblug

Ora enggal purna

Pageblug kang ditandhang bantala

Pirang-pirang sasi wis kalampah

Tan suda kepara sansaya nambah

Jagad mawut

Bumi pertiwi melu-melu semrawut

Ewonan nyawa oncat saka raga

Menawa dadi tumbal

Saka serakahing manungsa

Prasetya kang Katutup

Potret lawasmu minangka panglipur

Nalikane rasamu wis kokgawa mabur

Klawuning mega mbarengi tetesing tirta

Pangangenku ngumbara ing pucuking arga

Rasa kapang wis ginelar ing lembaran dluwang

Maniking ati tansah anggodha

Dhi, apa atimu isih katutup saka prasetya?

Praptamu ing ngarep netraku

Mung kanggo ngasatake luhku

Ditulis oleh Rezky Soffan Hadi

Comments are closed.