Sinau Nulis
Dening: Devaki
Tulis
taktulis
A-B-C-D-E-F
ing ndhuwur kertas
kertas putih resik lan apik
takcoret-coret nanggo petelot
petelot biru lincip kaya suntikane dhokter
aku sinau nulis supaya pinter,
ben bisa dadi dhokter
Numpak Dhokar
Saben dina Minggu takenteni
bareng adhi-adhi kanggo nglipur dhiri
ora teka-teka ndadeke susahing ati
yen wis teka bungah setengah mati
tapluk tapluk
tapluk tapluk
swara kang takenteni
cedhak adoh panggah muni
tapluk-tapluk
tapluk-tapluk
numpak dhokar nyengke ati
tapluk-tapluk
tapluk-tapluk
numpak dhokar kanggo nglipur
dhiri
Permen Soklat
Bungkuse apik kaya pita
ning ndadekake biyung duka
rasane enak
ndadekake aku bola-bali nambah
nadyan rasane legi
lan nyenengake ati
biyung meden-medeni
yen aku ora gosok gigi
aku bakal diparani
kuman-kuman
kang medeni
Kebak Larahan
Lemah iki ora teles ora garing
dituwuhi wit-witan
lan kembang-kembang
digawe playon
digawe dolanan
Lemah ora tau nguda rasa
ning mung bisa nyawang manungsa
sing ora bisa rumangsa
ngregedi lemah tanpa rasa
Larahan ing ngendi-ngendi
disawang ora endah
disawang ora lumrah
wayah rendheng saya susah
wong-wong padha susah
banyu mumpet banjir ing ngendi-ngendi
amarga
larahan ing ngendi-ngendi
Godha Tandha Tresna
Mlenking tangismu, Dhik
kumekel guyumu
marai kangen marang awakmu
asring gegojegan
nganti
pirang-pirang suwine tangismu
kowe adhiku
aku mbakyumu
aja gething
Godhaku tandha tresnaku
Tresnaku marang awakmu
Kaya tresnaku marang bapa ibu
Karya : Devaki – GPAN Mojokerto